BUKU NOMER
LORO
LINTANG
KEMUKUS METU GAGAT ESUK
BAB TELU
ANGGOTA :
· ANNISA
FATHIATUN NABILAH (04)
· FIRMAN
NOOR HAKIM (13)
· NUR
HIDAYATI FITRIANA
(24)
1. SINOPSIS
Srinthil
pirang dina dadi beda sipate, kakine yaiku kaki Sakarya dadi bingung, udu
amarga wis ora nrima lamarane wong tapi amarga Srintil sing ora gelem maning
ngibing dadai ronggeng. Nek Srinthil ora dadi roggeng maning, Dhukuh Paruk
ilang ciri khase lan ora semringah maning, lan wedine mbok dadi petaka kanggo
Dhukuh Paruk kue dewek. Wis sue, akeh kedadeyan kang madan ora mlebu neng akal,
naging ujare kaki Sakarya kui tanda malapetaka kanggo Dhukuh Paruk. Sakarya
sing dadi sesepuh Dhukuh Paruk sing umure ws 80 tahun, wedi mbok ana apa-apa,
mula lunga menyang kuburan kanggo nyndingi sesajen, neng kuburan deweke weruh
akeh sing lagi pada jogged karo rai sing serem, neng kono uga ana anak lan
bojone sing wis mati.bali sekang ngono hawan atine Sakarya dadi adem lan lega
amarga wis ngluapna apa sing dirasakna neng kuburan. Pas bali, Sakarya weruh
Srinthil lagi ngladeni dayoh yaiku Pak Ranu, neng kono lagi ngomongna babagan
ronggeng Dhukuh Paruk kanga rep ditampilna neng kecamatan kangggo agustusan,
nanging Srinthil ora gelem amarga atine urung gelem diajak ngibing. Karo kesuh,
Pak Ranu metu saka umahe Sakarya lan nyumpahi kanggo Dhukuh Paruk bakal kena
petaka. Sakarya ora teyeng apa-apa lan njorna lunga, nanging bar kue langsung
ngomehi Srinthil amarga ora gelem ngibing, bar diomehi Srinthil ora ngrungukna
nanging banjur metu arep maring umahe Tampi. Nanging mampir disit neng nggone
Sakum sing picek utawa ora teyeng weruh sregep banget nek nyambet gawe tapi
anake ora tau dirumat lan bojone kerja dadi buruh. Kala kue, Srinthil cerita babagan
sing kon ngibing neng adicara agustusan kecamatam, banjur kue Sakum ngekon
Srinthil kon gelem nampa prentah kue, trus bar kue Srinthil maring umahe Tampi
lan njaluk tuntunan kanggo babagan kue, Tampi uga mrentah kon ditampa bae,
amarga uga ronggeng teyeng njikot perhatiane wong sing nonton lan uga dideleng
dening ewunan wong sing seneng ronggeng. Banjur kue Srinthil netepna gelem dadi
ronggeng maning lan nampa prentah agustusan neng kecamatan kue. Beda maning,
Marsusi teka marang Kaki Tarim sing ahli ilmu ireng niate arep nyelakani
Srinthil, tapi banjur diomongi dening Kaki Tarim, niate ora sida nanging
Marsusi diprentah kon ngisin-ngisinna Srinthil bae aja ngosi nylakani, amarga
ana resikone dewek nggo ngarepe. Pas pitulas agustusan, neng Dhukuh Paruk rame
banget amarga sorak mardika lan revolusi. Sawise kui ana wong partai sing
nemuni Sukarya lan mbujuk kon milih partaine wong kui, nanging Sukarya ora
gelem lan ngomong nek kekuatan lan kaperkasan iku mung ana neng Gusti. Srinthil
wis ngomong maring kabeh wong nek gelem ngibing maning, wong-wong pada senenge
ora eling terus nyiapna apa bae sing kanggo pentasan ronggeng ngesuk, nanging
Sukarya ora seneng banget amarga mesti seneng uga ana pasangane utawa tukane
yaiku susah. Wektu kanggo pentas wis ana, Srinthil didandani ayu pisan lan akeh
sing pada seneng marang rupane lan dandanane Srinthil. Srinthil tampil ayu
pisan lan wong pada nganga ndelengna ibingane. Rampung pentas Ibu Werdana lan
Bapak Werdana njaluk Srinthil nginep neng Dhawuan, nanging ora olih amarga
malam Ahad Pahing kabeh wong kudu ana ing umahe dhewek. Akhire wong-wong pada
bali maring Dhukuh Paruk.
2.
UNSUR
INTRINSIK
Tema :
Gotong royong neng Dhukuh Paruk
Neng
novel iki buku nomer loro bab telu nyritakake wong neng Dhukuh Paruk pada ukun
lan gotong royong kanggo bungahi Srinthil sing kon dadi ronggeng maning..
Alur :
Maju
Amargi
mboten mbahas malih punapa sing rihin wonten. Lan nyritakake sing ngarep lan
ngarepe.
Paraga : - Sakarya -
Dilam
- Srinthil -
Nini Kartareja
- Pak Ranu -
Nini Camat
- Sakum -
Nini Wedana
- Marsusi -
Kartareja
- Kaki Tarim -
Tri Murdo
Watak :
Paraga
|
Watak
|
Bukti
|
Sakarya
|
Gampang pecados karo mitos, seneng ibadah utawa
bertaqwa lan wijakasana
|
Neng buku dijelasna nek Sukarya ngubungna apa-apa
sing kedadean neng Dhukuh Paruk wektu kue lan uga seneng ibadah buktine
Sukarya eling karo pati lan pecados nek sing Maha Perkasa ya mung Gusti.
“Sing digdaya dhewek kue Pangeran sing murbeng
dumadi, Mas…”
|
Srinthil
|
Wedenan, manutan, traumaan lan ora teyeng njukut
keputusan utawa plin-plan.
|
Srinthil pas pertama dejelasna nek trauma karo
wong lanang lan ora gelem ngibing utawa ngronggeng. Terus amarga diomongi
dening wong-wong dadi gelem lan ngomong arep ngibing. Kui sing ndadikna
Srinthil duweni sipat plin-plan amarga ora yakin maring kaputusane dhewek.
“Ya,
Kang. Apike inyong nuruti jalukane panitya agustusan. Inyong arep ngibing
maning, Kang. Ning atine nyong urung gelem ngibing Kang.”
|
Pak Ranu
|
Kena dipercayani, seneng nyindir karo alusan, lan
seneng maksa.
|
Pak Ranu sing diutus dening camat kanggo maring
Dhukuh Paruk mrentah Srinthil kanggo ngibing pas agustusan.
Terus ngancem Srintil kon mikir sing temenan ben
gelem ngibing neng kecamatan.
“Depikir sing temenanan, wong Dhukuh Paruk! Inyong
ora tuna babar pisan angger ko nampik undangan kiye. Sewalike, mpeyan padha
bisa nemu palangan merga wis gawe kaciwa marang pemrentah kecamatan.”
|
Sakum
|
Sabar, sregep nggone nyambut gawe, peduli marang
anake, ngerti apa bae tanpa nganggo paningal utawa kaya duwe indra keenem
|
Dicritakna nek Sakum kue pancen sregep gawe
prabotan nganggo tangan trampile senajan ora teyeng weruh utawa picek,
dheweke uga peduli maring anake kon maring perkara sing bener.
|
Marsusi
|
Pendendem lan
plin-plan uga
|
Amarga sawise diomongi dening Kaki Tarim, Marsusi
ora sida nylakani Srinthil, nanging manut kon nyusahi utawa nggawe isin
Srinthil bae, aja ngosi nylakani amarga Srinthil iku duweke wong kabeh ora
mung duweke Marsusi.
“Mpun, mboten susah Ki, seniki awake kula mpun,
ewah.”
“Nggih, milane kula untung, sambotene kula saged
murungaken niyat eleke kula.”
|
Kaki Tarim
|
Duwe sipat sing apik lan ilmu ireng, nanging salah
nggone nganggo ilmu ireng, jarkoni lan gampang perek karo wong liya.
|
Kaki Taim sing duwe ilmu ireng mbiyantu wong liya
kang duwe pandendem supaya nyilakani wong liya, nanging sabenere nduweni
sipat ati kang apik. Janjane saurunge pada nggawe kaputusan nylakani wong
liya, Kaki Tarim ngomongi kon dipikir maning, mergane resikone ditanggung
dhewek-dhewek uga neng dunya lan akhirat besuk.
|
Dilam
|
Pendendem, grasa-grusu lan ngajogan.
|
Dheweke bales dendem marang wong kang ngracuni
mesane, amarga ugi ngapurane ora dentrima dening wong kang derusak dening
mesane utawa kebone. Dheweke ora gelem mikir dhisit perkara sing resikone
akeh, banjur wis kelekon tembe wedi lan ngajog.
|
Nini Kartareja
|
Gelem ngakuni lepate dhewek lan seneng tetulung.
|
Nini Kartareja gelem ngapiki Srinthil maning
sawise ana perkara babagan karo Marsusi lan nyadari nek iku salahe dheweke,
banjur gelem ngrumat Srinthil sing arep dadi ronggeng maning, ndandani
Srinthil, marai babagan ronggeng lan sapiturute. Dheweke uga ora ngundang
“ko” maning maring Srinthil, nanging ngundange wis sampeyan utawane
jenganten.
Uga pas arep pentas ronggeng neng Dhawuan, Nini
Kartareja ngrewangi Srinthil ganti klambi lan dandan.
|
Nini Camat
|
Seneng ngomongi wong
|
Pas Srinthil metu arep ngibing, dheweke ngomongi
apa sing oral an ngandani utawa ngrisiki Srinthil bae.
“Jane kue sing arane Srinthil sing dadi ronggeng
Dhukuh Paruk? Cobi tingali gelunge kadose keinggilen nggih? Rasukane ugi
mboten kinten-kinten nggih? Potongane morak marik.”
Nini Camat ngrendengi Srinthil bareg karo Nini
Wedana. Ketone Nini Camat iri marang Srinthil sing ayu pisan lan disenengi
wong akeh.
|
Nini Wedana
|
Seneng ngomongi wong
|
Pas Srinthil metu
arep ngibing, dheweke ngomongi apa sing oral an ngandani utawa ngrisiki
Srinthil bae.
“Klambine sing kaya kae ora dadi perkara, ngko
bbakalan dibuka la nana klambi sing gawe ayu pisan, pundake sig keton wudane
gawe mengeni pisan.”
Nanging pas kandahan karo Nini Camat, ketone
dheweke beleni Srinthil temenanan, buktine nggawe Nini Camat mbesengut lan
dadi pindah panggonan.
|
Kartareja
|
Wonge apikan, wijaksana lan seneng tetulung.
|
Dheweke sing dadi ketuane calung utawane ronggeng
neng Dhukuh Paruk iku sregep banget nggone ngurusi calung iku. Kartareja uga
seneng banget wektu Srinthil gelem dadi ronggeg maing, lan gageyan nyiapna
kabeh pralatan calung, debersihi lan detata maning. Dheweke uga latihan
kanggo calung iku lan ngomongi wong Dhukuh Paruk kanggo ngrewangi lan pada
gotong royong kanggo nyiapake pentas calung iku.
|
Tri Murdo
|
Seneng tetulung lan apikan marang Srinthil.
|
Gelem nulungi Srinthil pas lagi semaput, yaiku
ngaweh napas gawean kanggo Srinthil. Lan gagean utawa cepetan nulungi
Srinthil sing semaput pas lagi ngibing lan ngrewangi Srinthil mari utawa
sadar sekang semapute kue.
Lan Tri Murdo nyalahna wong liya, amarga semapute
Srinthil kue amarga ora kuat ngibing maning, dadi dheweke ngomong dongene
Srinthil kon aja ngibing maning.
|
Pamawas :
·
Panulis dadi
sudut pandang wong ketelu
Amarga pangarang neng kene nyritakake wong sing neng ana neng novel
nganggo arane lan panulis neng kene serba ngerti apa bae kadadean sing dialami
neng kabehan paraga.
Latar :
- Papan/ panggonan : - Umahe Sakarya
- Pekuburan Dhukuh Paruk
- Umahe Sakum
- Umahe Kaki Tarim
- Lapang kecamatan Dhawuan
- Kantor kecamatan
- Panggung
- Suasana/ kahanan :
·
Tegang utawa
medeni
Wektu Srinthil urung gelem ngibing
maning, akeh pratanda ala kang nandani arep ana kadadeyan ala neng Dhukuh
Paruk. Lan uga wektu Srinthil semaput pas lagi ngibing neng Dhawuan.
·
Seneng utawa
bungah
Wektu Srinthil gelem dadi ronggeng
maning lan wong-wong pada bungah banget lan rame-rame nyiapake kaperlon nggo
pentas calung iku, pas agustsan wong-wong pada bungah banget lan pada
nyemarakake jiwa revolusi maneh. Sing pungkasan gawe bngah banget pas Srinthil
ngibing neng panggung Dhawuan lan gawe wong pada seneng karo ibingane.
- Wektu/Wekdal :
·
Esuk
Wektu akeh kadedayan neng Dhukuh Paruk
lan wektu Pak Ranu marang umahe Srinthil.
·
Awan
Wektu Marsusi marang nggene Kaki Tarim
lan ketemu Dilam neng kamar sing ana neng umahe Kaki Tarim.
·
Wengi
Wektu Marsusi ngomong maring Kaki Tarim
arep nyalakani Srinthil nanging ora sida. Lan pas Srinthil pentas ronggeng neng
panggung Dhawuan.
Tingkatan Basa :
-
Majas
Neng kene uga ana dialog utawa
pangucap sing nganggo kiasan utawa majas . Tuladahane : Ana walang mabur
mubeng-mubeng njuran nabrak urube obor.
-
Tingkat Basa
Neng novel iki nganggo karma lugu uga
ngoko. Kanggo omongan bocah cilik karo wong tuane kadang isih nganggo ngoko
lugu. Nanging nek bocah madan gede wis ngerti adab ya nek omongan wis teyeng
nganggo krama kadang ya karma alus tapi kadang ya karma lugu, sing penting
adabe ana pas lagi ngomonge.
3. UNSUR
EKSTRINSIK
Ana ing cerpen kie akeh nile-nile
kanggo kauripan, yaiku :
· Nilai
Moral/budi pekerti
Neng
kene isih diajari kanggo manut maring wong tua lan due adab utawa sopan santun
marang wong sing lewih tua, nanging ugi akeh sing ora nganggo basa karma
nanging tetep bae nganggo basa sing ngagungaken lan andhap ashor. Neng Dhukuh
Paruk uga isih ana moral sing dhuwur, tuladhane wong esih njaga siji liyne.
Nanging neng kene uga akeh sing nyleweng yaiu amarga anane ronggeng sing
biasane akeh wong lanang sing nggodani ronggenge utawa digodani deneng
ronggeng.
Dhewek
kudu manut marang pituture wong kang lewih tua lan wong kang lewih luhur.
· Nilai
Sosial
Wong
kene esih padha gelem guyub rukun lan gotong royong, uga ora ana sing mbedakna
cap sosiale, wong Dhkuh Paruk ya neng kono, mbuh mlarat apa sugih kembul kabeh.
Raos solidaritase uga isih kentel sanget, amarga akeh sing esih nulung wong
liya sing kasusahan lan ora peduli apa-apa yen penting Dhukuh Paruk tetep kaya
kue, tetep karo kauripane sing kaya kue.
Dhewek
kudu urip rukun lan gotong royong karo wong kabehan.
· Nilai
Agama/religi
Neng kene isih kentel utawa
kapercayaan marang Gusti isih akeh. Buktine pas ana wong parte ngomong nek sing
prakarsa kue sejarah, Sakarya langsung nampik lan ngomong nek sing prakarsa ya
Gusti Sing Duwe Alam kie. Neng kene dhewek teyeng sinau nek apa-apa sing wis
ana ya anu wis ditemtoake deneng Gusti, lan saben penggaweyan iku bakal ngewohi
perkara lan perkara sing dilakokaken mesti kita uga ngalami kewalikane,
tuladhane susah mesti kita uga arep seneng lan sewalike, iku ngajari kita
supaya ora lewih-lewih gole ngadepi apa bae lan kudu percaya marang Gusti.
Dhewek kudu ningkatna iman marang
Gusti lan pecados nek kabeh perkara iku wis diatur deneng Gusti.
· Nilai
Pandhidhikan
Pendhidhikan
neng kene ora patia digatekan, amarga wonge uga akeh sing buta aksara, buat
warna lan liyane. Bocah-bocahe uga ora disekolahna. Neng kene diajari neng
pendhidhikan ora mesti saking sekolah tapi pendhidhikan uga diajari neng urip.
Iku sing ndadekna wong pada ora sekolah nanging tetep ngerti apa bae, nanging
akeh uga sing ora duwe pendhidhika sithik bae.
Dhewek
ora mung sinau babagan pandhidhikan neng sekolah, uga teyeng sinau neng umah.
Ilmu sing wis ana kudu ditepana neng umah uga.
· Nilai
Ekonomi
Neng
Dhukuh Paruk, akehe wong sing mlarat utawa miskin, umpamane ana sing sugih
paling sepira ora, nanging wong kene padha sregep nyambut gawe amarga rakyate
pada duwe kesadaran urip nanging amargi pendhidhikane endep lan uga padha ora
peduli marang pendhidikan. Anak-anak wong Dhukuh Paruk akeh sing pada
penyakiten, amarga wong tuane kadang ora mikiri uga karo anake, sing penting
anake seneng lan esih urip. Bukyine Sakum sing sregep mbarang gawe gawe
prabotan sekang kayu tapi anake dijorna dolanan lanben bojone bae sing ngrumat.
Dhewek
kudu teyeng manpaatna kabeh kondisi, nek dhewek mlarat ya kudu lewih sregep
nggene kerja lan nek suguh kudu akeh sedekah lan aja gemagus lan tetep njaga
hartane dhewek aja nggo seneng-seneng bae.
· Nilai
Budhaya
Dhukuh
Paruk iku desa kang nduweni kekentelan budhaya sing apik, buktine ronggemg iku
isih ana lan dipertahanake malah kanggo kebiasaan. Nanging uga ana budhaya sing
ora apik yaiku esih percaya maring alam
ireng yaiku misale karo Kaki Tarim. Neng kene juga isih ana budhaya gotong
royong lan wargane esih padha segelem guyub rukun. Buktine pas arep ana gelaran
ronggeng mesti kabeh melu nyiapake prabotan kanggo nyalung karo ngronggeng.
Wong kene uga isih gelem pada sowan utawa mampir marang umahe wong liya.
Dhewek
uga kudu anjaga budhaya sing ana neng daerahe dhewek, amarag sapa maning sing
arep njaga kejaba dhewek.
· Nilai
Politik
Ana ing Dhukuh Paruk, rakyate ora
terpengaruh karo anane demokrasi partai apa pidhato politik liyane.
Kepercayaane rakyat kana namung siji yaiku marang Sing Duwe Alam kie.
Dhewek aja ngosi keblinger dening pate sing ana,
dhewek kudu percaya marang awake dhewek bae, amarga ati iku ora tau salah
nidohake.
Komentar
Posting Komentar