Langsung ke konten utama

AGEMAN ADAT SURAKARTA



 AGEMAN ADAT SURAKARTA
            Wonten ing Keraton Surakarta Hadiningrat, ageman kakung kasebat pangagemen kejawen Surakarta utawi jawa jangkep. Pambedane inggih menika wonten ing kagunaane kalih kebutuhane. Enten 2 jenise inggih menika kangge sanes padintenan ngangge warna ireng lan kangge padintenan ngangge werni selintune ireng. Kangge tiyang kakung utawi jaler, wonten paperangan kang katah jenise kang kedah diipun agem manut aturan ingkang wonten ing keraton, inggih menika :
·       Panutup Sirah (destar / pengikat blankon) kalih kuluk
     Raja ngantos bupati ngangge kuncung kalih mondholan cekok. Kangge pangkat sing teng nginggile boten ngangge kuncung lan ngangge  mondhoalne jenis jabehan. Kuluk kabesaren namung kangge orang tartamtu ing acara khusus kerajaan.
·       Ageman Krowok
      Inggih menika ageman tartamtu utawi khusus ingkang wonten bolongane teng wingking kangge wadah keris. Rasukan krowok enten 5 jenise, inggih menika :
1.     Atelah, kancing ageman kang wonten ing tengah gulu ming ngandhap.
2.     Beskap, kancing igkang wonten ing sebelah kiwa lan tengen.
3.     Takwa, panggenane sami kalih beskap nanging enten bagian lancip dawa teng ngandhap.
4.     Langenharjan, mirip beskap nanging kancinge teng ngajeng, langkung mirip kalih jas bukak.
5.     Sikepan, kados Atelah, nanging kancinge boten dilebetaken , lapisan daleme enten rompi petak. 
·       Setagen
      Name lintune inggih menika sabuk . kangge raja wonten sabuke piyambek inggih menika sabuk cindhe.
·       Epek, Timang, lan Lerep
      Inggih menika, sejenis pangiket pinggang. Fungsine sami mawon kalih sabuk inggih menika nyeretaken jiretan kain kang kangge ngandhapan. Kangge kaluwarga raja ingkang jaler angsal ngangge sing bermotif kalih border, kangge abdi dalem ngangge sing polos.
·       Nyamping
      Inggih menika, kain ingkang diengge ing ngandhap, utawi patukane rasukan krowok. Khusus kangge motif lereng, namung angsal diagem keturane raja, abdi dalem boten angsal ngagem kain punika.
·       Wangkingan
      Inggih menika, keris ingkang diselipaken teng punggunge tiyang kang ngagem. Ing jaman seniki naming kangge hiasan, nek jaman rumiyin saged kangge senjata.
·       Lambaran suku, selop, utawa canela
     Inggih menika alas samparan khas Jawa ingkang awujud selop, katutup ing bagian ngajenge nanging rata ing bagian wingkinge, sahingga saged diagem kalih dicopt kanthi gampang.

Kangge kaum putri ugi wonten ageman, kang nggambaraken putrid keratin Solo, ageman kang diagem nglambangaken keibuan, kaayuan, kaanggunan, kalembutan, kasopanan, lan lintune malih. Kalengkapan ageman putrid inggih menika :
·       Ungkel utawi sanggul
·       Kebaya
·       Semekan
·       Setagen
·       Januran
·       Slepe utawi kados epek kalih timang ing ageman kakung
·       Kain dawa utawi nyamping

Panggunaane ageman putri disesuaikaken kalih umur, pangakt kalih kabutuhan. Babagan kasebat, ngasilaken kathah model kangge ageman putri inggih menika  :
·     Putri Sabuk Wala, kaperang dados ageman pola atis lan slepe, ukel weleh sawelit, cunduk jungkat, kalung, anting-anting, gelang, kalih cincin. Kangge putrid raja ingkang ngiringi pengantin putrid teng upacara perkawinan. 
·     Putri Sabuk Wala Kebaya Cekak, diagem dening putrid keratin ingkang dereng dewasa, perangane wonten ageman kebaya cekak gesper kebak hiasan, slepe, ukel welah sawelit, kokar,cunduk jungkat, cunduk mentul, lan lintune malih.
·     Dhodhot Ageng Ngumbar Kunca, kangge wekdal Upacara Garebeg Mulud teng istana lankatujukake ageman niki kangge putrid keratin ingkang sampun rabi.
·     Semekan Kancing Wingking, diengge saben dinten Senin lan Kamis, inggih menika rasukanwonten baik parang, busana semekan motif atisteng wingking kalih kancing peniti, konde ukel ageng dihiasi godong pandan. Ageman niki ugi saged kangge putrid keratin teng rentetan upacara perkawinan.
·     Pincung Kencong, kangge puri raja ingkang langkung saking 8 taun punapa dereng dewasa. Kaperangsaking ageman celup, mekak, kalih ukel welah sawelit kaliyan diparingi kokar cunduk jungkat, cunduk mentul, lan perhiasan lintune.
·     Bedhaya Dhodhot Klembrehan, kangge abdi dalem kang anggadahi tugas ngiring raja bekta harta utawa pusaka istana ing wekdal wonten upacara ageng teng keraton.
·     Kebaya Cekak, kangge putrid raja kang nyambut tamu penting teng keratin. Kangge putrid raja ingkang pun dewasa lan dereng rabi diparingi benang keemasan, konde ukel ageng kang dihiasi daun pandan, batik parang, kalung, anting-anting, lan gelang.
·     Kebaya Panjang, kangge putrid raja ingkang sampun rabi lan diagem wekdal upacara Pasowanan Besar. Dihiasi bunga melati. Aksesors borokan, lan cunduk jungkat. Kalih diparingi setumpuk bros, anting-anting, kalung, lan lintune.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Proposal Pembuatan Karya Kerajinan Benda Keras dari Bambu Materi Prakarya dan Kewirausahaan Kelas 11 Kurikulum 2013

PROPOSAL PEMBUATAN KARYA KERAJINAN BAHAN KERAS (Prakarya dan Kewirausahaan) Disusun oleh : 1. Hana Rizka Bachtiar           (14) 2. Ihda Zahrotul Jannah           (16) 3. Muhammad Faaiq A.           (21) 4. Nur Hidayati Fitriana          (24) XI MIPA 8 SMA NEGERI 1 PURBALINGGA JL. Letjend MT. Haryono Purbalingga – Jawa Tengah 2016 KATA PENGANTAR             Puji syukur penulis panjatkan kehadirat Allah SWT yang telah   memberikan segala rahmat, taufiq dan hidayahnya sehingga dapat menyelesaikan proposal karya kerajinan bahan keras. Proposal karya kerajinan bahan keras ini disusun untuk memenuhi tugas mata pelajaran Prakarya dan Kewirausahaan Semester II. Karya kerajinan bahan keras ini selesai dengan baik dengan dukungan, partisipasi serta bimbingan dari berbagai pihak. Oleh karena itu, penulis mengucapkan terima kasih kepada : 1.     Bapak Drs. Kustomo selaku Kepala Sekolah SMA Negeri 1 Purbalingga. 2.     Ibu Nu

LAPORAN PROJEK DAN EVALUASI WIRAUSAHA PRODUK KERAJINAN DARI LIMBAH PRAKARYA DAN KEWIRAUSAHAAN

LAPORAN PROJEK DAN EVALUASI WIRAUSAHA PRODUK KERAJINAN DARI LIMBAH PRAKARYA DAN KEWIRAUSAHAAN KELAS XII MIPA 1 KELOMPOK 1 ANGGOTA : 1. ALYAA RIFQOH PUTRI YOSYANA    (01) 2. ANGGITA ADZAN DZUHRI                 (03) 3. HUSNARIA RISKA ADZILLA              (14)          4. NAUFAL HANIF ZULFIKAR                (22)      5. NUR HIDAYATI FITRIANA                  (23) SMA NEGERI 1 PURBALINGGA TAHUN 2016 KATA PENGANTAR Puji syukur Penulis panjatkan ke hadirat Tuhan Yang Maha Esa atas segala rahmat dan karunia-Nya sehingga dapat menyelesaikan laporan projek yang berudul Laporan Projek Prakarya dan Kewirausahaan sebagai salah satu tugas mata pelajaran Prakarya dan Kewirausahaan kelas XII Tahun Pelajaran 2016/2017.             Penulis sadar bahwa tanpa bantuan dari semua pihak, proposal ini tidak dapat terselesaikan dengan baik. Oleh karena itu, pada kesempatan ini Penulis akan menyampaikan terima kasih kepada : 1.     Bapa